Minggu, 23 September 2012

parikan:tuku hp



Awan iku Sardot mlaku mlaku neng mall niate arak golek "sesuatu".

Pas lewat ngarep konter parfum, dekne ditawani karo bakule,"monggo pinarak mas..niki wonten parfum impor..wangi tur murah ki lho mas.."

Sardot : "murahe sepiro mbak.?"

Bakul : "50ewu per botol SAK ISINE mas.."

Sardot : "emoh mbak..larang kuwi..aku biasa nganggo minyak kayu putih..murah tur sehat mbak"

Njuk Sardot mlaku maneh,.tekan ngarep Konter Kebab (roti arab) Sardot takon,"opo wi mbak?"

Bakul : "Niki kebab mas.. 10ewu siji SAK ISINE..milih dewe isine mas.. Monggo pinarak.."

Sardot : "larang men! Enak sego endog..wareg.. Emoh aku.."

Trus Sardot mlaku maneh,.Pas lewat ngarep Konter Hape,dekne takon,"hape daganganmu kuwi sing paling murah piroan mas?"

Bakul : "ooh niki hape cino murah mas,. 200ewu SAK ISINE perdana lan pulsa..monggo milih.."

Sardot : "wah larang mas,.tak kiro 50ewuan,. suwun"

Ora suwe Sardot mlaku metu mall amargo bingung campur wedi.. trus ngomong neng njero atine,

"neng mall iki nek tuku barang kok SAK ISINE yo?? Aku wegah tuku neng kene ah..aku wedi..mending golek SEMPAK neng pasar wae.."
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar